Kamis, 21 April 2011

UPACARA PIODALAN PURA BHAKTI WIDHI















Gunungkidul, www.jogjatv.tv - Ngleresi wulan purnama kaping 11, umat Hindhu ing Kecamatan Ngawen, Gunungkidul, dinten Minggu siyang(17/4), ngadani Upacara Piodhalan Pura Bhakti Widhi. Kanthi kekidungan suci, mantra lan binarung ungeling gangsa, upacara ingkang dipun pandhegani dening satunggaling pendheta kasebat lumampah khidmat. Dinten Minggu siyang(17/4), umat Hindhu ing Padhukuhan Bendha, Desa Beji, Kecamatan Ngawen, Gunungkidul, ngadani upacara pengetan ambal warsa pura utawi Piodhalan Pura. Upacara ingkang dipun pandhegani dening Rama Pendheta Puja Brata Jati kasebat kawiwitan kanthi lampah nganteb banten binarung waosan mantra, kidung suci lan ungeling gangsa.Lampah upacara kalajengaken kanthi Mecaru, minangka wujud pisungsungipun umat Hindhu dhateng para Butakala, nglinggihaken bethara lan dipun pungkasi kanthi sembahyang sesarengan.Tumrap umat Hindhu, kejawi kangge mengeti ambal warsa kaping 9 Pura Bakti Widhi, upacara ingkang ngleresi wulan purnama kaping sewelas punika ancasipun ugi kangge nglarasaken gesang antawisipun manungsa, alam lan Gusti Ingkang Maha Kuwaos. Awit saking punika pura minangka papan suci agami Hindhu, gadhah kekiyatan panyengkuyung lampahing pangibadahan.





Sumber :// www.jogjatv.tv/candra saputro

1 komentar:

  1. Play Baccarat with Friends - Wilshire's - Wilshire's
    Baccarat is played 바카라 사이트 at one of the six centers, which is played with 4 people. Players can bet on the cards of the dealer's kadangpintar hand to 제왕 카지노 win. This type of

    BalasHapus